Mongmong

แชร์
ฝัง
  • เผยแพร่เมื่อ 15 ก.ย. 2024
  • Pan ingsun kala ing kuna, anduwe sadulur siji, winastanan kakang kawah, kang amongmong maring mami, sarta ngawat-awati, baya ing wêwêngkoningsun, wujude kaya amba, wus dadi kajad mami, caos mong-mong mitra mrih slamêt raharja (Sinom)
    Mongmong iku sarana kanggo momong, kanggo njaga (ngulat-ulatake) lan nyênyênêngaké. Kaya momong bocah pindhané, sarirané butuh diopèni. Mong-mong kanggo nggathukaké antarané kang momong klawan kang kinêmong. Lumantar sulih sarana. Tundhoné anggoné nglakoni urip samya mong-kinêmongan; asah asih asuh siji lan sijiné.
    Sêga tumpêng sarta rêrampadané kawêtokaké ing gêlaran. Pra kulawangsa lungguh kupêng. Mbah Sunya, iya kang kagungan dalêm, ngikraraké lan ngêpyakaké anané mong-mong.
    Rahayu slamêt kêkaroné, sakabèhé.
    Mong!
    #mongmong #mongmongi #slametan #kendhuren #kendhurenan #kupeng #kupengan #mongkinemongan #madsinamadan #pamong #pamomong #bebrayanagung #kulawarga #kulawangsa #paseduluranbanyu #daksinarga #gunungkidul #ritualadatgunungkidul #religi #ekspresireligius #ritualadatgunungkidul #ritualadat #kolonisasiilmupengetahuan

ความคิดเห็น •