GEGURITAN OMAH JOGLO DENING IRUL S. BUDIANTO

แชร์
ฝัง
  • เผยแพร่เมื่อ 19 ก.ย. 2024
  • omah joglo iki aja diowah-owah
    warisane leluhur kudu dijaga dikemonah
    sapa wae kena aweh panyaruwe
    jer nyatane wujude ajeg wae
    omah joglo kanthi plataran amba
    diayomi wit-witan ngrembuyung godhonge
    dawane crita yen diulur ora ana pedhote
    wiwit jaman penjajahan nganti wis merdika
    nalika jaman penjajahan dadi seksi
    para pemudha ngatur taktik lan strategi
    ngrungkebi bumi klairan sing dadi rega mati
    sawise merdika omah iki terus nyuwarakake
    perjuangan sing ora ana rampunge
    ngisi lan mbangun negara aja setengah ati
    uga karukunan sing ora mung abang-abang lambe
    omah joglo iki aja diowah-owah
    kareben wae prenjak ngganter saben wayah
    sapa ngerti ana sanak kadang saka paran
    teka lan kepengin miwiri werdine wedharan
    ngenani jejibahan lan sesanggeman
    omah joglo iki aja diowah-owah
    sapa ngerti bakal cinathet sejarah
    ing kene rakete paseduluran ora nate renggang
    senajan ana sing tega ngasah parang
    ngobarake perang
    omah joglo tetep ngadeg kukuh
    sauger awake dhewe puguh njaga adege
    senajan angin mobat mabit sakayange
    #geguritan #geguritanjawa #gurumuda #gurukece #gurusenibudaya #gurubahasajawa #videoviral #fypシ゚viral

ความคิดเห็น •