RORO PANGKON 2022

แชร์
ฝัง
  • เผยแพร่เมื่อ 16 ต.ค. 2024
  • Loro pangkon sendiri merupakan akronim dari lara sadurunge kelakon. Loro pangkon diperagakan oleh dua orang yang membawa jago-jagoan yang dihias sedemikian rupa. Jago-jagoan itu juga dilengkapi dengan sebuah bokor berisi beras kuning.

ความคิดเห็น • 6

  • @bintaroful
    @bintaroful 2 ปีที่แล้ว

    Wuri Wuri Budoyo jowo... Jozz

  • @dokumentasikita8271
    @dokumentasikita8271 2 ปีที่แล้ว +1

    A : Isi nopo mawon niku?
    B : Sepisan isi gedang : gegeto cek ndang padang, ngajenono awake
    Isi kupat karo lepet : ngluwari nadzar, udarono sengkalane, netepi agomone, cidek rejekine, adoh blaine
    Isi kendi : miningko wong tuwo : nang endiae kacandak, kecangkeng, tur seng nyekseni lan seng mundhi-mundhi.
    Isi enten klopo gandet : ojo ngapek opo-opone wong tuwo
    Wet : kudu diopeni, diawet-awet
    Bokor kuningan : ojo sampek nglokor, kudu diuning-uning
    Pereng : minongko lantaran,
    Cengker : nyancang pikir, utowo kencenge pikir
    Angguh lepek : ojo sampek klepek’an
    Umpul-umpul : ngumpulno sanak keluargane, ngumpulno badane
    Gawang ongkek : disawang, ojo diongkek
    Sewur : nyuwurno lek bakale nduwe gawe
    Irus : nerusno karep, nerusno lakone urip
    Kekep : rumongso lek nduwe sikep
    Ilir/tepas : disilir utowo ditepas
    Kemaron : karon-karonan pokok beres
    Kendel isi klopo : lek wes jendel wetenge, iku mari lapo-lapo
    Cowek : asale konco terus dipek dewek
    Dandang : ndang-ndang dadio ojo sampek batal
    Kukusan : iso-o ngukus derajate, enak ojo lali wong tuwo, ono paribasane gak iso ngukus lek gak ono genine
    Sak marine kemanten diapet kembang mayang, kembange jagung, silir-silire angin utowo telese banyu mbun seng terno langit sakben isuk, ngrontokno putik bibit nang benang sari. Sak marine iku
    Paribasane: srikiti di saut walang-damare mati suwale ilang. Wedang kopi gulo remuk-an. Damare mati- amuk-amuk’an.

  • @dokumentasikita8271
    @dokumentasikita8271 2 ปีที่แล้ว +1

    Roro Pangkon: Bubak Kawak
    Sabrank Suparno
    Sak marine kemanten lanang budal nang omae kemanten wedhok, sak durunge kemanten karone di temokno, pepaes diperlokno, gae mbraeni kemanten lanang disek. Kemanten lanang seng wes yo ancene necis teko omah, perlu di braeni maneh, supoyo serasi karo braine kemanten wedhok. Sak jerone tamu kemanten iku biasane kemanten lanang lan kemanten wedhok di braeni macak rojo lan ratu. Iku minongko gambarno ketemu karone seng kate urip rumah tangga ,diumpamakno koyok senenge rojo nalikane ketemu jodoh lan bojone seng bakal siap ngancani urip salawase. Sak jerone orep iku bakal nemoni seneng lan susah. Nanging sak jerone kemanten ketemu iku gak digambarno susae urep, kejobo mek senenge thok.
    Mulo, digawe gambarno kahanan seng koyok ngunuiku, seneng seng gak karu-karuan iku, dilambangno karo rojo lan ratu. Mestiae seng diarani kemanten iku mesti senenge. Sebab kemanten anyar iku gak minongko kemantene thok seng anyar, urip yo ngalami owah-owahe lakon seng anyar.
    Sak jerone urip iki ono telu lakone urip seng diarani ngleboni ndunyo anyar. Tegese ngliwati babakan urip lan panguripan seng ancene bedo karo urip sak durunge. Telu lakon urip anyar iku: 1. Nalikane lahir. Lahir iku di arani manungso ngleboni urip anyar, mergo teko alam kandungan guo garbane ibune, ganti metu nang alam padhang, alam wadak, alam kasunyatan. 2. Naliko wong iku dadi kemanten, dadi kemanten yo kenek diarani mlebu nang urip seng anyar. Lek sak durunge dadi kemanten, urip dilakoni ijen , tapi lek mari rabi utowo dadi kemanten, urip dilakoni wong loro. Nanging seng diarani kemanten mlebu uripe anyar iku, kudu wong seng gorong tau dadi kemanten babar pisan, ateges jek kaet rabi. Rabi seng kawitan iku, ibarate, ketemune joko loroh, kepethuk perawan kathuk-en. Ateges sak marine dadi kemanten wong loro iku podo karepe, yoiku gak metu-metu teko njero kamar. 3. Naliko wong iku mati. Wong mati yo diarani mlebu panguripan anyar, gantine urip seng nduk alam padang, ngaleh nang alam barzah.
    Roropangkon iku, crito, seng ngoncek’i artine wong urip nduk alam ndunyo iki ket durung dadi jabang bayi sampek tumekane pati. Crito iku sanepan-sanepan seng digambarno karo barang grabahan, utowo barang liyane seng onok gandengcelenge karo alate urip sak bendino. Crito Roropangkon iku, kusus di udal lek pas acara temu manten. Emboh crito iku mek di woco thok, utowo digawe lakone ludruk lan wayangan. Seng diarani bubak kawak iku yo katot nduk njerone crito ngudal Roropangkon iku. Bubak kawak iku iso di ongkar ceritane masio pas duduk acara Roropangkon. Misale pas ngujubno kenduren kajatan. Lha bedone karo Roropangkon, bubak kawak iku gak nyritakno masalah ketemune kemanten.
    Sak marine kemanten di temokno, penganten di lungguhno kuwade, semunu ugo, poro pengiring podho lungguh kursi dewe-dewe. Tapi pengiring kemanten lanang seng gendong jago-jagoan, jek klewar-kliwer goleki wong seng bakal nrimo jago-jagoan iku. Wong seng nrimo jagoan iku kudu wakile teko keluargo kemanten wedhok.
    Sak durunge adol tinuku, takon pitakonan antarane seng gendong petek jago karo seng bakal nrimo pitik jago. Ono suworo gak ono rupo teko awing-awang.

  • @dokumentasikita8271
    @dokumentasikita8271 2 ปีที่แล้ว +1

    Abang : Kidul panggonane, wernane abang, kembangane waribang, manukane ulung, gununge geni, segarane segoro gete, kutone tembogo seng ngenggoni Betoro Brahmo, manjinge nduk Durgomongso.
    Kuning : Kulon panggonane, kembangane kenikir, manukane kepodang, gununge welirang, segarane segoro madu, kutone kuningan, seng ngenggoni Baroto Komojoyo, manjinge nduk kebraen.
    Ireng : Elor panggonane, kembange mentheleng, manuk’ane gagak, gununge areng, segarane nilo, kutone wesi, seng ngenggoni Batoro Wisnu manjeng nduk jaman pelanggengan.
    Niku wau tegese ules moncowarno, lha petek jago kulo niki nggeh
    Suwiwine : Belah jagat,
    Sikile : Songgo bumi
    Jalune : Sipat jentek gumolo netro,
    Cakare : Sapu jagat
    Buntute : Tebu sak uyun sineret, koyok tebu diapet kluwung
    Kukune : Lempuyang aking
    Pakane : Sego putih, iwak ati, jangan kluweh. Tegese ati suci, supoyo luweh sandang pangane
    Ombenane: Banyu kawah Condrodimuko, jenenge banyu Durgo pangongso-ongso, seng ngombeni dulur papat limo panjer. Papat tegese kiblat , etan, kidul, elor, lan kulon. Panjer tegese ati madep nang gusti Alloh kang ario jagat.
    Pangkringane : Kajeng krudo mandero
    Peturone : Dalem adi gondo, bantal piwulang, kemul pitutur
    Kurungane : Lahir lan bathin
    Mudune : Nduk jengkar guling, kursi gading, artine sak jerone gerden, dodo siji tinawonan,
    Turune : nduk jero bakupon seng isi putri kewudanan, sang putro nibo pangkon.
    Kluruk’e : Wayah jam 8 isuk, metu nduk pengayomane Sidodadi, ngadep nang bapak Naib, di apit poro priyayi, laras karo agomone.
    Isi wetenge : Ono telung macem, yoiku beras, endog, lan emas
    Beras : iber-iber ojo nganti was-was
    Endog : supoyo ero purwo dadare
    Emas : supoyo ero purwo lelere
    Telene : Isi rojo brono, yoiku emas, peces, tigan lantahan, mbah blowo, isi tumbar lan mrico, tegese: kemantene gak bakal diumbar, tapi diloloh.
    A : Ooo…ngoten ta condrone jago sampean seng jenenge Sawong Seto Wono iku, lanek ngoten kulo jaluk’e petek sampean.
    (Darmo julek ngrudo pekso pitek jago seng digowo Pak Slamet. Semunu ugo Pak Slamet gak ngolehi. Akibate wong loro iku tanding adu kesakten. Ibarate ngamok dikembari, jaluk disembadani, suwene-suwe Pak Slamet ngalah)
    B : Nggehpun, petek jago niki kulo paringaken sampean. Tapi enten syarate, kudu ditebus nganggo duwek seng jumlahe Sathak Sejampel Suku Slawe.
    A : Nopo jabarane Sathak Sejampel Suku Slawe niku?
    B : Jumlah niku lek kulo jupuk 12, manggone nduk tahun, mergo setahun 12 wulan
    Nek kulo jupuk 30, mangone nduk ulan
    Nek kulo jupuk 7, mangone nduk dino
    Nek kulo jupuk 3, mangone nduk kemanten, yoiku 1. kemanten lanang, 2. kemanten wedok, 3. waline
    A : Sampean teko Suroloyo Adi Linuweh diterno sopo? Kok pateng gembruduk?
    B : Seng gembruduk wonten mburi kulo niku pangiring saking suroloyo adi linuweh
    A : Mbeto nopo mawon?
    B : Mbeto tumbak, kanggo babat dalan, ugo nggowo barang akeh, seng arane misro misri. Misro tegese barang seng digowo bali moleh. Misri tegese barang seng jange ditinggal. Koyoto : dom, bolah, jambe, suruh, sekar bao
    Dom : supoyo landepo pikirane
    Bolah : supoyo netepi ular-ular kuno
    Jambe suruh sekar bao : supoyo weroh sekar banjare nini kemanten lan kaki kemanten
    Sak liyane nggowo tumbak yo gowo Jodang seng digawe teko kayu Joli Jempono :
    Tegese walak-wali kaki nini kemanten karone

  • @Dalangbagasmalang
    @Dalangbagasmalang 2 ปีที่แล้ว

    Lokasi?