Ndhodhog Lawang / Tata cara panglamar/Panembung calon penganten kakung lengkap dengan teks

แชร์
ฝัง
  • เผยแพร่เมื่อ 21 ส.ค. 2024
  • PANEMBUNG/PANGLAMAR
    1. Nembung (ndodoG lawang) dilakukan sebagai tanda bahwa seorang laki2 mantap untuk melanjutkan hubungan cinta ke jenjang pernikahan. Istilah panembungan atau nembung sendiri merupakan istilah dalam bahasa jawa yang artinya meminta dengan resmi menggunakan kata-kata. Di beberapa daerah di Jawa Tengah, Jawa Timur nembung biasa disebut nakokake.
    2. Sebelum acara nembung atau ndodok lawang, seorang laki- laki tentu harus berdiskusi dengan orang tua. beberapa orang tua, ada yang sangat teliti mempertimbangkan bibit, bebet, bobot.
    jika dalam tuntunan islam bisa dalam macapat asmarandana ini
    wanita dipalakrami
    amarga patang perkara
    bandha rupa lan nasbe
    agama diutamakna
    murih beja gesangira
    nabi pun paring dhawuh ayo padha ditindakna
    3. Nembung atau ndodok lawang dilakukan oleh keluarga pihak laki-laki dengan cara bertamu ke rumah keluarga perempuan, cukup beberapa orang saja, biasanya terdiri dari orang tua, calon penganten, dan saudara atau bahkan paman/bibi yang jumlahnya tidak melebihi 5 orang.
    ucapan panembung bisa dilakukan oleh orang tua sendiri atau melalu juru bicara.
    4. Panembung menggunakan ungkapan kata-kata, namun akan lebih kuat apabila diwujudkan dalam bentuk tulisan, adanya surat tertulis ini adalah bukti kuat bahwa sang perempuan sudah ada yang nembung. dan sebagai dasar rembug keluarga perempuan dengan anggota keluarga lain untuk mengambil keputusan.
    5. Surat panembung itu kemudian ditanggapi orang tua anak perempuan melalui surat balasan
    tidak ada urutan acara formal dalam acara nembung, intinya pihak laki-laki menyampaikan maksud kedatangannya dan pihak perempuan menyambut dan menjawab atur penembung.
    TUJUAN NEMBUNG
    Merupakan wujud keseriusan pihak laki-laki untuk memperistri pihak perempuan.
    Orang tua pihak laki-laki menanyakan mengenai status perempuan, apakah sudah diikat orang lain atau belum, sedang terlibat hubungan dengan orang lain atau tidak bahkan kadang menanyakan weton perempuan
    mengetahui apakah pihak perempuan menerima/menolak niat serius dari pihak laki-laki.
    Apa saja yang harus dibawa saat akan Nembung?
    Karena masih taraf bertanya apakah pihak perempuan menyetujui atau tidak menyetujui, jadi calon penganten laki-laki tidak harus membawa apapun seperti cincin atau beberapa jajanan. Cincin hanya kamu bawa saat acara lamaran/paningset.
    isi ucapan / kata-kata saat nembung
    1. Pambuka / Syukur
    2. Salam Kawilujengan
    3. Inti
    menanyakan apakah menanyakan mengenai status perempuan
    keiinginan menjalin hubungan bebesanan dengan menjodohkan kedua anak
    4. Penutup.
    Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
    Katentreman Karahayon tuwin karahrja mugi tansah kajiwa kasaria dumateng panjenengan sedaya lan kula
    Nuwun, Bapa EKO SAWIJI sagotrah kulawangsa ingkang winengku ing karahayon
    kapurwakan kanthi ngluhuraken Asma Gusti ingkang Maha Kawasa Alloh swt, inggih karana sedaya kanugrahanPun anjenengan sedaya lan saget makempal manunggal wonten papan punika kanthi raharja nir ing sambekala. minangka tanda syukur, sesarangen kawosan kalimat tahmid alhamdulilahirabbil, alamin.
    Bapa EKO SAWIJI ingkang luhuring budi, tepangaken kula pun asma Triyono, mugi keparengna kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan karana rinesaya dening kadang kula sepuh pun rakamas DWI LORO sekalian. pidalem ing karanganyar tenteram, tasih wewengkon surokarta hadiningrat.
    atur ingkang sepisan, Bapa DWI LORO sekalian, ngaturaken salam taklim kanthi linambaran donga pamuji mugi kawilujengan tansah tumanduk dhumateng Bapa EKO SAWIJI Sekaliyan minggahipun dhumateng para kulawarga kanthi wasilah assalamu’alaikum wr.wb
    Ingkang angka kalih, bilih bapa DWI LORO Sekaliyan tinangisan dening putra jalunipun pun bagus TRI TELU ingkang sampun dungkap dewasa, saha keladuk anggenipun nggadahi raos Tresna kaliyan rr. CATUR PAPAT putri kinasih panjenengan.
    Ingkang menika, badhe miterang punapa putra Pawestri panjenengan sampun anggadhahi pepilihan, utawi panembung saking saking pria sanes menapa dereng, menawi sekintenipun dereng anggadhahi pepilihan sanes, priya sanes, ingkang ateges lasih lamban, kanthi nyenyadong sihing gusti kang maha agung, Bp dwi loro. Kepingin sanget badhe ngrakit puspita bebesanan kanthi hanjodhokaken putra turunipun pun bagus TRI TELU .... kalian putra Pawestri panjenengan nun injih Rr. CATUR sekawan, minangka dados jatukramanipun. Minangka jejangkeping atur kula, kula aturaken serat penglamar, mugi saget dados tandha yekti panembung saking Bapa Dwo loro
    Sru panyuwunipun bapa dwiloro Sekaliyan, sakwangsul kula saking dalem panjenengan ngriki, mugia sampun wonten keterangan ingkang gumathok, ingkang badhe kula aturaken bapa dwi loro
    Bapa eko sawiji Mekaten Saha semanten atur kula menggah wigatosing perlu sowan kula sakrombongan ing wanci punika, Hambok bilih kathah atur Kula ingkang mboten ndamel Rena, kepara malah ndamel cuwa, Kula nyuwun agungung pangaksama
    ing wasana Mugi Rahayu ingkang sami pinanhgih waaaaalamu'alaikum wr.wb

ความคิดเห็น • 44

  • @user-ug3nr4bg3u
    @user-ug3nr4bg3u 2 หลายเดือนก่อน

    Terima kasih pak Parikesit atas contoh atau Tek panembung telah ditayangkan karena banyak orang yang belum tau cara melamar wanita apa yang ucapkan yang benar semoga jadi tulodo bagi orang diminta tolong.

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  หลายเดือนก่อน

      Matur nuwun rakamas awit kawigatosanipun, Mugi manfaat kangge masyarakat

  • @winarnonongkosingit3472
    @winarnonongkosingit3472 ปีที่แล้ว +2

    Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumaten panjenengan raka mas, saestu hanambahi seserepan. Salam budaya saking telatah Gunungkidul

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว +1

      Inggih sami sami bapa, namung ngelmu sapala saking dwija kula damel konten, mugi piguna kangge sasama.
      Matur nuwun saking kawigatosanipun

  • @user-vl8df3du2d
    @user-vl8df3du2d 8 หลายเดือนก่อน +3

    Saran,,,baiknya yang datang tidak orang tua laki laki pada saat dodok lawang,,,hanya mencari info apa masih lajang

  • @wongkaranganyar1440
    @wongkaranganyar1440 2 ปีที่แล้ว +1

    matur nuwun bapa ngilmu ingkang samun kawedhar

  • @herrybwi4550
    @herrybwi4550 8 หลายเดือนก่อน +1

    Ikut Nyimak Pak

  • @pametribudaya9518
    @pametribudaya9518 2 ปีที่แล้ว +1

    Jarang jarang ini yang upload acara panglamar. Mantab

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  3 หลายเดือนก่อน

      Mugi² manfaat

  • @bakirakung8511
    @bakirakung8511 ปีที่แล้ว +1

    Matur nuwun sanget Kangmas ilmunipun salam taklim mugi kunjuk lan mugi tansah sehat wal afiat

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      Injih sami sami rakamas, matur nuwun sampu kersa mirsani unggahan tutorial kula, mugi manfaat kagem sesami

  • @ukanalthaf3245
    @ukanalthaf3245 2 ปีที่แล้ว +1

    Matur nuwun sanget awit ilmunipun

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  2 ปีที่แล้ว

      Injih sami2, Mugi manfaat knagge sesami

  • @savasyafa4825
    @savasyafa4825 ปีที่แล้ว +1

    Maturnuwun ilmunipun Bopo...Mugi tansah pinaringan kesehatan.

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      Aamiin, mugi migunani kagem sesami

  • @masinggi4265
    @masinggi4265 4 หลายเดือนก่อน

    matursembahnuwun......🙏

  • @ariesris668
    @ariesris668 3 หลายเดือนก่อน

    Wilujeng pepanggigan katur Ki Triyono, S. Pd.I, S. Kom.
    Tepangaken kula Sutrapsilo saking Boyolali, nyuwun pangapunten kula badhe nderek miterang benehipun tembungan, lamaran saha panyingset? Lan uborampe menopo mawon ingkang kedah dipunasta?
    Awit katrangan ingkang sampun kawedhar kula ngaturaken agunging panuwun

  • @adekoswara6989
    @adekoswara6989 ปีที่แล้ว +1

    ..."ngaturaken salam takdzim" menawi nggih Pak. kalau 'taklim' artinya belajar. Takdzim artinya pengagungan/penghormatan.

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว +1

      Inggih bapa punika serapan saking bhs. Arab,
      dene werdinipun miturut bausastra :
      taklid
      (A) kn: nirokake, nulad.
      taklim (A) kn: kanthi urmat, ngajèni.
      Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters
      kathah ugi serapan bhs arab ingkang kaserat dh/dz/dl.
      ing basa jawa dados, L, tuladhanipun
      Solat dhuhur >> salat Luhur
      Romadhon >>>> ramelan
      Lsp.

  • @user-vl8df3du2d
    @user-vl8df3du2d 8 หลายเดือนก่อน +1

    Baiknya saat nembung yang datang tidak orang tua laki laki,,tapi perwakilan saja

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  8 หลายเดือนก่อน

      Inggih rakamas.
      Mila wonten teks konten ounika kaserat
      "Kula triyo. Rinesaya dening sepuh kadang sepun kula pun dwi.."

  • @sulthanbrilian9221
    @sulthanbrilian9221 10 หลายเดือนก่อน +1

    To the poin aja

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  10 หลายเดือนก่อน

      Menawi boten sabar jujug mawon menit 06.47 rakamas

  • @ukanalthaf3245
    @ukanalthaf3245 2 ปีที่แล้ว +1

    Salam saking jogja kangmas

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  2 ปีที่แล้ว

      Salam pitengan raka mas

  • @orlandosaputra7033
    @orlandosaputra7033 ปีที่แล้ว +3

    Pak apa harus bawa cincin yha apa tidak tolong jawab syarat penting nya?🙏

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว +1

      Sebenarnya saat nembung belum perlu bawa cincin.
      hanya saja, perkembangan jaman, karena saat melamar ini kedua keluarga sudah sama sama setuju, akhirnya sebagian orang ada yg langsung bawa cincin untuk ikatan.

    • @herrybwi4550
      @herrybwi4550 8 หลายเดือนก่อน

      Bawa Avanza Nggeh Monggo😅

  • @wajatsantoso838
    @wajatsantoso838 ปีที่แล้ว +1

    Kepinreng ndhodhok lawang, janipun ndhodhog lawang🙏

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      Nggih sok gengser cewet, nyuwun diagung pangaksama
      Nglenggana kathah kirangipun

  • @tamyizch3638
    @tamyizch3638 ปีที่แล้ว +2

    Pak kalau misal ndodok lawang sendiri tanpa bawa orang tua boleh?

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว +1

      Niku berarti etungan wong nom, derengan etungam tiyang sepuh

  • @user-vl8df3du2d
    @user-vl8df3du2d 8 หลายเดือนก่อน +1

    Sampai dengan nembung atau melamar,,tidak orang tuanya yang datang,,(justru gak boleh),,baru setelah tembung atau lamaran nya di terima,,baru irang tuanya calon lelaki bisa datang,,misal di paningsetan,,sok tukon,dan seterusnya,,,maaf jika aku salah

    • @user-ug3nr4bg3u
      @user-ug3nr4bg3u หลายเดือนก่อน

      Saya Cok heran mengapa baru nembung atau nekoke diterima banyak orang seperti peninsetan itu salah kaprah sebetulnya empat mata dulu ini yang dialami.

  • @miftaaszorantaa8438
    @miftaaszorantaa8438 11 หลายเดือนก่อน +1

    Pak kalo pas dodok Lawang ,kita pihak perempuan yg mau di dodok Lawang,anak wanitanya harus ikut keluar musyawarah atau nggak perlu ya? Mohon dijawab🙏🙏

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  11 หลายเดือนก่อน

      Bisa saja ikut keluar,

  • @pujoharjono5520
    @pujoharjono5520 ปีที่แล้ว +1

    Bok damel konten nembung bahasa Indonesia Pak swn.

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      cobi sanes wekdal nggih pak

  • @Mbakawaa12
    @Mbakawaa12 4 หลายเดือนก่อน +1

    Mohon maaf minta tolong untuk di perjelas makna bibit bebet bobot makasih sebelumnya

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  4 หลายเดือนก่อน

      Bibit (garis keturunan), bebet (status sosial ekonomi), dan bobot (kepribadian dan pendidikan) atau 3B merupakan kriteria yang telah digunakan turun temurun untuk memilih pasangan hidup

  • @ponoantono8420
    @ponoantono8420 ปีที่แล้ว +1

    Video sambutan tuan rumah kok gak ada

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      o njih tasih proses bapak

  • @trirustini8404
    @trirustini8404 ปีที่แล้ว +1

    Jawaban dari tuan kok blm ada

    • @MrTriyono74
      @MrTriyono74  ปีที่แล้ว

      Punika jawabanipun rakamas th-cam.com/video/fv7_x4Wu8h4/w-d-xo.html