Notasi Gd Kembang gayam Ldr Kembang Kates llg Menthok2, Kupu kuwi, Pendisil Pl 6.Karawitan RRI Ska

แชร์
ฝัง
  • เผยแพร่เมื่อ 20 ต.ค. 2024
  • Kembang gayam Gendhing ktk 2 krp mgh 4 kalajengaken Ladrang Kembang Kates trus lelagon Menthok menthok, Kupu Kuwi, Pendhisil Pl. 6 Bernotasi Gendhing
    Karawitan RRI Surakarta
    Cekapan kinanthi 1:
    Punapata mirah ingsun,
    prihatin waspa gung mijil,
    tuhu dhahat tanpa karya,
    sengkang rinemekan Gusti,
    gelung rinusak sekarnya,
    sumawur gambir melathi
    Upama tyase mangunkung,
    mulating sira dyah ari,
    sayekti melu mangarang,
    telase riris gumanti,
    ingkang tarangggana sumyar,
    remek dening salah kapti
    Marmanta mangrurah gelung,
    lintange merang ningali,
    mring langening kiswanira,
    miwah kidang kidang isin,
    miyarsa ing swaranira,
    si kidang umpetan tebih
    Tuwin kombang kombang geng kung,
    miyarsa swaranta yayi,
    kadi merange si kidang,
    anoning liringireki,
    mangkana susahing kidang,
    malah tyarsira lir kanin
    Kabot kabotan lung gadhung,
    wekasan mungkret amuntir,
    mulat nggonira saduwa,
    malah malah cengkir gadhing,
    kang tiba mrih dherangkalan,
    umpetan mring jurang trebis
    Cakepan kinanthi 2 :
    Mideringrat hangalangut,
    lelana njajah nagari,
    mubeng tepining samodra,
    sumengka hanggraning wukir,
    analasak wanawasa,
    tumuruning jurang trebis
    Sayekti kalamun suwung,
    tangeh miriba kang warni,
    lan sira pepujaningwang,
    manawa dhasaring bumi,
    miwah luhuring akasa,
    tuwin jroning jalanidi
    Iku ta sapa kang weruh,
    nanging kiraning tyas mami,
    sanadyan ing bawana,
    anas kang madha warni,
    maksih sumeh semu sira,
    ruruh rarase respati
    Myang dedeg pangadegipun,
    sedeng sedhete mantesi,
    sembada genging sarira,
    lelewane milangeni,
    wiraga raga karana,
    murwedah hyang hyanging bumi
    Manis gapyak lukita rum,
    dhemes luwes merak ati,
    susila tyase ngumala,
    solahe nyudara werdi,
    jumawut geng kang salaga,
    pari kudu sun ngengeri
    Cakepan kinanthi 3 :
    Nalikanira ing dalu,
    wong agung mangsah semedi,
    sirep kang bala wanara,
    sadaya wus sami guling,
    nadyan ari Sudarsana,
    wus dangu nggenira guling
    Kukusing dupa kumelun,
    ngeningken tyas sang apekik,
    kawengku sagung jajahan,
    nanging sanget hangikibi,
    sang resi Kanekaputra,
    kang anjok saking wiyati
    Kagyat risang kapirangu,
    rinangkul kinempit kempit,
    dhuh sang retnaning bawana,
    ya ki tukang walang ati,
    ya ki tukang ngenesing tyas,
    ya ki tukakng kudu gering
    Teka ndadak melu melu,
    kaya budhine wong ceplik,
    lali yen kalokaningrat,
    ing bawana amurwani,
    mustikaning jagad raya,
    dhemen lalen sanggarungi
    Sun iki ngembani wuwus,
    Dewa Sang Hyang Hodipati,
    Bathara Suksma kawekas,
    sira ingkang den paringi,
    ingkang maosandilata,
    panguripe wong sabumi.

ความคิดเห็น • 31